Jembatan Suramadu Wis Gathuk

suramadu/surya/sugiartoJembatan Surabaya-Madura alias Suramadu, dek dina Rebo Wage, 1 April 2009, jam 00, wis gathuk. Kreteg modern sing dawane 5.438 meter utawa 5,4 kilo meter iki prosesi gathuke disekseni Gubernur Jatim sing anyar Pakdhe Karwo, tokoh Madura lan para insinyur jembatan iku.

Proyek sing pembangunane dimulai Agustus 2003 lan ngentekake dana Rp 4,5 triliun iki minangka kebanggaane masyarakat Surabaya lan Madura. Apa maneh jembatan iki dipastekake paling dhawa sak Indonesia.

Rencanane, sak kiwa tengene jembatan kang ambane 1.800 hektar, wilayah Surabaya 600 hektar lan Bangkalan Madura 1.200 hektar, bakal didadekne kawasan otorita. Neng kono dibangun pusat bisnis, industri, pelabuhan, hotel, wisata lan hiburan.

Nanging, rencana iki ditentang karo penguasa Surabaya, Wali Kota Bambang DH lan sak andahane. Amarga yen dadi kawasan otorita, Pamerintah Kota (pemkot) Surabaya ora bakal dilibatke. Dadi kasarane ora kebagian upa.

Ning program pengembangan kawasan wilayah Suramadu kang wis kacatet neng perpres 27/2008 iki, miturutku, pancen kudu kaleksanan. Supaya masyakarat, khususe Madura, tarap hidupe mundak. Lan dadi kutho kang modern tanpa ngilangake budaya asline.

Sak teruse, mulai 12 Juni 2009 jembatan kang jenenge diusulke diganti Trunojoyo utawa HM Noer  iki wis iso dilewati. Nanging sing pengin nyebrang kudu mbayar. Amarga tahap awal durung digratisake.

Miturut Ketua Umum Dewan Pertimbangan Madura (DPM) Achmad Zaini sing dimuat Layang Kabar Surya, pamerintah wis sepakat yen tarip mobil Rp 35.000. Iki luwih murah 50 persen tinimbang nyebrang nganggo kapal feri saka Dermaga Ujung neng Kamal kang taripe  Rp 73.000.

Dene sepeda motor, nganti saiki isih dibahas. Ora mung masalah taripe nanging uga soal keamanane. Amarga angin ing sak tengahe segara lumayan banter sing bisa ganggu lakune sepeda motor. Ning dalan khusus sepeda motor pancen wis disiapake. Nuwun

Komentar (17)

Blogger lan Politisi

(iki ngono mung unek-unek, aja digagas)

Pancen, ngadepi pemilihan umum legislatif (pileg), para caleg getol nyebarake ‘virus’ neng masyarakat, mbuh kuwi nguntungake apa ngrugekake. Ora penting. Sing penting apa kang ditindakake para politisi iku iso dieling-eling karo konstituene alias pendukunge.

Malah-malah yen koran lan media elektronik, gelem ngabarake tambah nguntungake. Idep-idep iklan gratis. Ora penting kabar iku apik apa ora. Sepisan maneh, sing penting kabar iku direspon masyarakat. 

Termasuk salah sijine sing dimanfaatake para politisi yaiku komunitas blogger. Pirang dina kepungkur, tukang kabar ’sosial’ kanthi basis internet iki diundang bos-e Partai Golkar Jusuf Kalla. Let sedela nuli diundang pentholane Partai Gerindra  Prabowo Subianto nganggo embel-embel acara makan malam. 

Bener, para blogger iku durung mesthi milih tokoh parpol iku (aja-aja malah dha ora nyontreng). Nanging sing perlu dieling-eling,  tim suksese para penggede iku, miturutku, ngadakake pertemuan karo blogger tujuane ora mung ngongkon milih utawa nyontreng deweke naliko 9 April 2009. Nanging ya bab penyebaran kabar utawa informasi. Mbuh kuwi informasine apik apa elek.

Nyatane pancen bener. Bubar pertemuan langsung muncul tulisan neng blog sing isene mbahas pertemuan iku. Tur sing nanggapi akeh. Malah kober mlebu Tulisan Teratas dari seputar WordPress.com amargo akeh sing ngeklik.  Lumayan, kampanye gratis. (mangkono kandhane politisi mau)  

Mulane para blogger (sing jumlahe ewon (kira-kira)) kudu ati-ati nalikane magepokan karo bab politik, ben ora ancik-ancik sak dhuwure pucuk eri. Aja nganti dimanfaatake kanggo kepentingane parpol. Dadine ajur, lara kabeh neng awak, ora sido melu pesta alias seneng-seneng.  Nuwun

Komentar (7)

Rumah Sakit Jiwa Siap Ngerawat Caleg Setres

Dina iki, Selasa Pahing, 24 Maret 2009, meh kabeh koran sing terbit neng Jawa Etan ngabarake masalah Rumah Sakit Jiwa (RSJ)  Menur, Surabaya. Mulai koran Surya, Jawa Pos, Radar Surabaya, nganti koran Memorandum

Intine, rumah sakit duweke Pamerintah Provinsi Jatim iki, saikine wis nyiapake ruangan VIP kanggo ngerawat pasien setres. Pasien mau utamane para calon anggota legislatif  (Caleg) sing ora keduman kursi, utawa ora kepilih dadi anggota DPR/DPRD/DPD. Pancene diperkirakake bakal akeh wong setres sakwise contrengan alias centhangan 9 April mbesuk.

Miturut ature Direktur RSJ Menur dr Hendro Riyanto SpKJ, potensi gangguan kejiwaan caleg saiki iki luwih gedhe tinimbang taun-taun sakdurunge. Amarga sak liyane deweke kudu bersaing karo caleg parpol liya, uga kudu saingan karo kancane dhewe sing sak partai. 

Perlu dimangerteni, saiki ana 11.215 caleg kang ngerebutake 560 kursi DPR RI, 112.000 caleg ngerebutake 1.998 kursi DPRD Provinsi, 1.500.000 caleg rebutan 15.750 kursi DPRD Kota/Kabupaten lan 1.109 wong royokan kursi 132 DPD.  

Mbalik neng bab ruang rawat inap ‘caleg’ setres, ing RSJ Menur wis disiapake30 amben kang dumadi saka  pirang-pirang kelas. Antarane VIP I, VIP II, kelas utama I dan Kelas Utama II. VIP I taripe per wengi Rp 350.000 dene VIP II Rp 250.000. Kelas Utama I mung Rp 150.000 lan Utama II Rp 100.000. Ning iku mau durung kalebu bea obat-obatane.

Yen disawang sak klerapan, banderol iku mau kanggone para caleg enteng banget. Nanging, sak wise contrengan, para caleg apa isih bisa nganggep enteng. Amarga biasane yen wis kalah yo entek-entekan, omah, rajabrana, rajakaya, kabeh kadol. Arep ngrokok ae bingung golek jalukan. Malah akeh sing utange numpuk akhire malah setres.

Terus yen perawatan mbayare Rp 350.000 apa ora malah setres ? Mulane, mulane. Dadi politisi ngono ora mung modal duit lan nggacor. Nanging kudu modal ati uga. Arepa kalah ora masalah. Arepa menang ora girang. Ning kabeh dibalekake marang lakune atine supaya ora stres.   

Mulane, mulane, ora usah nekat dadi caleg. Neng omah wae dodolan sinambi njaga langgar. Yen senggang ewang-ewang tanggane sing kesrakat, lumayan kena kanggo sangu neng akherat. Rak ngono to sedulur……..! Nuwun  

Komentar (7)

Foto-foto Artis Bugil lan Video Mesum

Akhir-akhir iki, meh saben dina tulisan paling dhuwur ing seputar wordpress.com ngupas masalah artis beradegan mesum lan foto-foto bugil. Contone bab adegane Saipul Jamil karo Kiki Fatmala nalika suting film Pijat Atas Tekan Bawah  garapane sutradara KK Dheraaj. Wektu iku dikabarake pas adegan mijet, Ipul sempat ngremes bokong alias pantate Kiki Fatmala.

Ana maneh, foto-foto bugile mantan artis cilik  Dea Imut. Ing wordpress, kabar bab iki uga akeh sing ngeklik. Banjur foto-foto adegan mesum mahasiswa IPDN, pirang-pirang dina nangkring neng Tulisan Teratas dari Seputar WordPress.com. Sak durunge kuwi, foto-foto syur-e  Sarah lan Rahma Azhari  ya dadi incerane blogger.

Dadi, meh saben dina ana berita bab pornografi. Mbuh iku gambare artis, mahasiswa, utawa pelajar. Apa maneh akeh blogger sing pancen sengaja ngusung bab pornografi iki neng blog-e. Tujuane ben akeh sing ngeklik. (iki mung kiro-kiro)

Ning sing jelas iki fenomena menarik sajroning dunia maya. Dene masyarakat nyatane isih seneng ndeleng lan maca informasi kaya ngono kuwi tinimbang kabar liyane sing luwih membangun. (soale kabar sing membangun iku rek…! biasane menjemukan)  

Siji maneh, sing paling digoleki penggemar blog, berita bab lowongan pegawean utawa lowongan pekerjaan.  Yen ana kabar iki, iso dipastekake bakal akeh sing ngeklik. Amarga pancen pengangguran ing nuswantara tercinta iki isih akeh. Tur jaman saiki golek gawean ya angel. Jarene kancaku, golek gawean iku luwih angel tinimbang nggoleki dhemit (jim, setan).

Rong perkara iku pantes dipikirake kabeh manungsa. Iki pratanda apa ? (aku ora ngerti).  Sing jelas perkara iki kudu ndang diwedar, supaya gampang antisipasine nalika ana dampak negatif sing muncul. Nuwun

Komentar (12)

« Tulisan Lebih Baru · Tulisan yang Lebih Tua »