Lele

KASIL – Aku kasil nyeser lele sing ukurane lumayan gede. Nanging rajutane  suwek kabeh, akhire iwake jeblok maneh neng kolam.

LUMAYAN- Aku kasil nyekel lele, nanging ukurane rada cilik. Lumayan tinimbang ora entuk blas.

GUMUN – Bocah-bocah sing nonton padha gumun. Iwak kok gede banget ya… Yen dipecel piringe sepira.

BUNGAH – Yen iki kakangku lagi nyekel lele paling gede. Sing luwih gede maneh isih ana nanging ora kecekel.

NYEDIT – Aku nalikane gogo iwak. Masiya nganti nyedit tetep ora isa nyekel, merga luyu banget lan banyune isih akeh.

FOTO-FOTO: Umine Aisyah, 4 Oktober 2008.

& Komentar »

  1. Haryo Legowo berkata

    Aku kesengsem banget marang artikel-artikelmu sing maneka warna. Nanging emane kok mung cendhak-cendhak ya. Yen bisa artikele ditulis sing rada dawa ben kena kanggo bahan siaran pedesaan neng radioku sing durasine kurang luwih 30 menit.

    • tumetesingkabar berkata

      usulan ingkang sae mas haryo legowo, mangke kula usahaaken seratane radi kathah. radionipun menapa mas ?

Pengumpan RSS untuk komentar di postingan ini · URI Lacak Balik

Tinggalkan sebuah Komentar