Kidung Rumeksa Ing Wengi

(Karyane Kanjeng Sunan Kalijaga)

Ana kidung rumeksa ing wengi  
teguh hayu luputa ing lara  
luputa bilahi kabeh  
jim setan datan purun 
paneluhan tan ana wani 
niwah panggawe ala 
gunaning wong luput 
geni atemahan tirta 
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna

Sakehing lara pan samya bali 
sakeh ngama pan sami mirunda 
welas asih pandulune  
sakehing braja luput 
kadi kapuk tibaning wesi 
sakehing wisa tawa  
sato galak tutut 
kayu aeng lemah sangar 
songing landhak guwaning wong lemah miring 
myang pakiponing merak 

Pagupakaning warak sakalir 
nadyan arca myang segara asat 
temahan rahayu kabeh 
Apan sarira ayu 
Ingideran kang widadari 
Rineksa malaekat 
Lan sagung pra rasul 
Pinayungan ing Hyang Suksma   
Ati Adam utekku baginda Esis 
Pangucapku ya Musa 

Napasku nabi Ngisa linuwih 
Nabi Yakup pamiryarsaning wang 
Dawud suwaraku mangke 
Nabi Brahim nyawaku  
Nabi Sleman kasekten mami 
Nabi Yusuf rupeng wang  
Edris ing rambutku 
Baginda Ngali kuliting wang 
Abubakar getih daging Ngumar singgih   
Balung baginda ngusman 

Sumsumingsun Patimah linuwih 
Siti aminah bayuning angga 
Ayup ing ususku mangke 
Nabi Nuh ing jejantung 
Nabi Yunus ing otot mami 
Netraku ya Muhamad 
Pamuluku Rasul 
Pinayungan Adam Kawa 
Sampun pepak sakathahe para nabi 
Dadya sarira tunggal

& Komentar »

  1. Yahya Rohmadi berkata

    Bagus Boss Sastra jawa clasic macem ini di publikasikan. biar anak2 muda seperti saya ini tidak lupa budaya sendiri.
    sekedar masukan aja buat boss biar lebih mengena,dikasih artian/terjemahan dalam bahasa indonesia dalam stiap bait.

    Di tambah lagi dong artikelnya,macam serat Wedhatama yang menjabarkan nasehat agar sempurna dalam menyembah Allah, Serat Wulangreh yang menjabarkan tatakrama berbakti pada orang tua juga Mertua, Kidung purwajati, Hidayah Jati dan banyak lagi.

    Terima kasih…..

  2. tumetesingkabar berkata

    matur nuwun saranipun mas yahya. mangke yen angsal serat-seratipun, kula lebetaken blog.

  3. Apria berkata

    wah aku goleki iki mas
    suwun cak…
    salam kenal

  4. tumetesingkabar berkata

    sami-sami mas apria, salam kenal balik

  5. siswanto berkata

    nek jarene mbahku mbiyen ,kidungan iku ngunu gambarane manungsa,opo yo bener?ono sing iso njawab gak rek?aku penasaran soale…

  6. agus berkata

    aku pengen sakti,klu kidung rumeksa ing wengi tak rapal ben wengi,apa aku bisa sakti mbah,lek semerep kandanono carane yo?matorsuon,putra jambon.

  7. ahmad berkata

    aku minta arti nya,terjemahannya kidung rumeksa ing wengi.balas ya dulor?

  8. sugiwartono berkata

    salm kenal mas nanti dulu komentarnya pokoke sip banget

Pengumpan RSS untuk komentar di postingan ini · URI Lacak Balik

Tinggalkan sebuah Komentar