Geguritan
Kembang-kembang Adenium
Dening: Joko HN, Surabaya 2008
saben esuk, disawang
yen awan cahyane srengenge ora kurang
wayah sore, dielus-elus kembange
ibo endahe ya urip iki
wengi, cahyane lintang sumilat
kembang-kembang adenium tambah eseme
rasane kaya ngawe-awe, aja turu disik
ayo ngeling-eling lelakon bebarengan.
nanging raga wis ora kuat
sedina muput mung bingung golek upa
lali sapa sing nandur kembang
lali sapa sejatine awake dewe
nalikane terompet maut keprungu
kembang-kembang adenium dadi layu
luh tumetes saka mripat kang nyawang
lan, ora ana sing bakal ngancani maneh.
——————————————-
Malem Ganjil
Dening: Joko HN, Surabaya 2008
kabeh padha manekung ing punjere urip
embuh apa sing diucapke sajroning ati
malem ganjil, sing dadi seksining alam
aja selak apa kandane suara-suara
pilih sugih apa mlarat, pilih luwe apa wareg,
pilih sara apa mulya, pilih ayu apa elek
pilih pangkat apa derajat, pilih mati apa urip
pilih donya apa akerat,
kabeh suara-suara keprungu ing langit
ora ana kang bisa nutup-nutupi
ora ana kang ngalang-alangi
ora ana kang gandoli
ngucapa, ngucapa, ngucapa
jujura, jujura, jujura
elinga, elinga, elinga
sapa sira sejatine.
——————————————-
Geluduk Murka
Dening: Joko HN, Surabaya 2008
ora ngira, ing wayah wengi tanpa mendung,
geluduk jumedar-jumeder gegilani
lintang semburat saparan-paran,
bulan singitan sawalike gunung
iki tandane apa, iki tandane apa,
sasi becik, kok ya ana mahluk murka
ngudal-udal angkuh lan kadigdayane.
——————————————-
Sarung Bolong-Bolong
Dening: Joko HN, Surabaya 08 Februari 2009
polahe tikus gemlodak
mak blak, mripat mblalak
kelingan apa sing kaenam sajroning impen
wektu iku wis wancine subuh
mbuh apa sing dak pikirne
ning jelas ing awang-awang
sarungku suwek ewek-ewek
luwih omba saka cangkeme kodok
e, e, e iku mau lak impen
ya mung kembange wong turu
puspa tajem iku mung wedarane mpu
ora tak gugu, mandakke ngelu
arepa bolong-bolong, ora dak gagas
amarga ya mung impen ora jelas
nanging sakwise sikil jejak bantala
siji mbaka siji, rasane laku kaya ing impen
sak dalan-dalan luh tumetes, nelesi krikil
ora kuat nyangga sirah lan ati
arepa nyebut marang sing gawe urip ya wis kasep
sumur padasan wis asat
“duh Gusti nyuwun pangapunten…!”
——————————————-
Gumoh Omoh-omoh
Dening: Joko HN, Surabaya 23 Maret 2009
saben dina sliwar-sliwer
kulak omongan adol isu,
ngumbar janji, ning mung ababe thok
ambune penguk, ora tau siwak
uhh…! ora pantes dirungokne
petentang-petenteng dum-dum sarung,
embel-embele, mlebuo sarung age-age,
sapa ngerti biso malih dadi omah
yo …iku mau mung umuk, adol gemuk
tiwas neng rai ireng kabeh, ora keduman apa-apa.
saikine wis nganggo jas lan dasi,
ethok-ethok mbelo wong cilik,
ning sing kebak mung kanthonge dhewe,
malah, turah-turah nganti gumoh omoh-omoh
huek…huek ! ambune badeg.
——————————————-
Banyu
Dening: Joko HN, Surabaya 22 April 2009
aja selak yen asalmu saka lemah
sing mbok pangan ya saka lemah
sikilmu yo ngidak lemah
mung siji sing asale saka angkasa
banyu !
lumantaran sumilate srengenge,
munggah ing kayangan, ngadep marang Gustine
madulake kelakuane manungsa
nuli mudhun, lumantaran bun lan udan
ngumbar kabar marang durjana
kang gawe rerusaking bumi
mulane, mulane
aja dumeh akeh kali lan segara
banjur sak penak udele mbuang
sisane nafsu.
——————————————-
Jumat Legi
Dening: Joko HN, Solo 24 Oktober 1996
Jumat legi
hawa atis
kahanan sepi nyenyet
cahya purnama sumilat
Jumat legi
angin sumribit
githok mengkirig
ati tumuju ing cipta
Jumat legi
suwaraning manuk dares
tumbal endahing kaweden
anteping donga
Jumat legi
sapa sing pengin mantheng ati
aja lena sak liyepan
waspadakna ucaping alam
kanthi dzikir ing raga
——————————————-
Upa
Dening: Joko HN, Solo 1996
upama donya ora ana upa
ora bakal ana mahesa jenar
kang sarwa ijo gadhung
sumping kembang melathi, sasra birawa
lan naga sasra sabuk inten
manungsa mung ngelus ati
ngusap bathuk, mburu pusaraning donya
nyingkiri nafsu
ora ana jangan bayem
ora ana dendeng celeng
ora ana gelek, udut
nanging, upa sarana ucaping dzikir
kanggo nembus cahyane janah
——————————————-
Arjuna Kijenan
Dening: Joko HN, Solo 1996
lungguh thenguk-thenguk
sak ngisore cagak listrik
sinambi nyekel udut
lan, nyamikan lelakone urip
Arjuna wis kelangan baguse
karebut dening Rahwana
sing wis kelangan siunge
kang katut kauntal dewe
nalikane guyu lakak-lakak
Arjuna satriyaning jagad
wis ora cocok ngabdi pendhawa
“nanging” kandhane atine
“apa ya aku kudu urip melu kurawa?”
——————————————-
Kidung Bocah Turu
Dening: Joko HN, Solo 1997
tak lela lela lela ledhung
ucapen kanthi landung
supaya tyasing jebeng tan mendung
tak lela lela lela ledhung
netra katon saya alum
adem ayem kebak pangarep
tak lela lela lela ledhung
sih katresnan tumetes kanthi iklas
tinurut ilining driya
mapak angeting surya
——————————————-
Rendezvous Solo-Jogja
Dening: Joko HN, Solo 1997
ing Solo
sauruting dalan kebak
melathi putih kang isih kuncup
katon sumringah ngumbar esem
binarengan angsluping bakaskara
melathi putih lon-lon mekar
nyebar gandha arum
ngelap sumbaring kringet
(jleg!) wengi
Jogja
melathi putih
layu
b nugroho berkata
menika alamat e-mail kula.lha kok panjenengan pirsa.kula namung waton mbuka kok wonten alam,t e-mail kul onten blog panjenengan mas. kaleres kula nggih remen nyerat geguritan kok. nuwun salamn gurit
tumetesingkabar berkata
sami-sami mas nugroho, sa;am gurit
rizalihadi berkata
om, pinter banget nggurite.mbok aku diwarahi..salam kenal om…
rizalihadi berkata
om, nuwun sewu. badhe nyuwun ijolan link. angsal boten. Kula badhe ndamel blog ingkang isinipun namung babagan jawi kemawon. matur nuwun.. http://rizalihadi.com/
tumetesingkabar berkata
@rizalihadi: angsal mas, monggo. mangke kula ling wonten blog kulo.