Arsip untuk klangenan

Sapi Kereman Plaosan Top Markotop

Kanggone petani, rasane ora pas yen mulih saka sawah ora nyangking suket utawa damen kanggo pakan raja kaya. Upamane sapi, wedus, kebo lan sapanunggalane. Mulane rata-rata petani mesti duwe ingon-ingon.

Liyane kuwi, yen duwe ingon-ingon, limbahe tetanen ora perlu dibuang. Damene pari, lunge tela, glagahe tebu, isa dimanfaatake kanggo pakan kewan. Malah isa kanggo cadangan pakan nganti pirang-pirang ulan, ora perlu ngarit.

Kaya petani ing Plaosan, Magetan, Jawa Etan. Ing daerah erenge Gunung Lawu iki, wargane akeh sing petani. Meh saben omah duwe ingon-ingon sapi. Ora mung sapi putih (lokal) nanging sing akeh malah sapi turunan, Brahman utawa jenis Limosin.

Sapi tumrape para petani ing Plaosan, ora mung klangenan. Nanging uga dadi celengan. Saben panenan yen bathine rada akeh mesthi ditukokake sapi bakalan. Yaiku sapi sing isih enom utawa durung ndaging. Saiki regane sapi bakalan kira-kira Rp 6 yuta nganti Rp 7 yuta.

Terus, sapi iki dikerem ing kandhang nganti gedhe. Mulane akeh sing nyebut sapi kereman. Biasane sapi iki lagi ditawake marang blantik yen wis powel (untune pupak), utawa umur setahun kawit ngingu. Kira-kira regane isa nganti Rp 15 yuta. Utawa maneh yen wayahe tahun sekolah anyar, wis mesti akeh sing dodolan sapi. Merga kanggo bayar sekolahe anake.

Unike maneh, ing desa, sapi-sapi iku biasane kandhange campur karo pawon (dapur). Mulane yen sapa wae tindak neng sedulure ana ndesa sing duwe sapi, aja gumun yen saka kadohan wis mambu kletong. Apa maneh, kletonge kewan siji iki pancen dieman-eman. Disimpen lan ora oleh kena udan, supaya isa dadi rabuk. Sak karung kletong sing wis dadi rabuk biasane ditawakake Rp 5000. Lumayan isa kanggo tuku katul, comborane sapi. Nuwun

Komentar (3)

Naga ‘Abang’ Merah

Buah naga merah ing omahe wong tuwaku, Dukuh Jelok, Kelurahan Bulukerto, Magetan, wis mulai ngembang. Nyenengake, kembange gedhe-gedhe kaya kembang wijaya kusumo sing mengkroke mung bengi.

Tanduran kang kalebu jenis kantus iki wis uwoh ping pindho. Pertama taun wingi. Jarene ibuku lan dulur-dulurku uwohe legi. Beda karo buah naga sing putih. Nanging aku ora iso ngrasakake amarga isih nglakoni jejibahan ing Surabaya. “Rasane enak banget, legi,” mangkana kandhane ibuku. 

Masiyo ora melu ngrasakake nanging aku yo rumangsa seneng. Amarga bibit buah naga merah iku sing ‘golek’ aku. Sing nandur almarhum bapakku. Bibite tuku neng Gedangan, Sidoarjo. Rikala semana, taun 2004, regane bibit buah naga isih melip. Sak batang ukuran 30 sentimeter sing wis dideder pangaji Rp 15.000 nganti Rp 25.000.

Nanging saiki wis ora tuku bibit maneh. Malahan tangga teparo padha bibit neng omahku. Sapa wae pengin nandur, mung bacok pange sing tuwa, banjur diencekake. Emane aku durung bisa babarake buah naga jenis iki, sanadyan lahane ya wis cumepak. nuwun 

Tinggalkan sebuah Komentar

Koleksi Bonggol Adenium

DIPANGKU - Adenium ing dhuwur sebagian bonggole kaya dipangku. Iki salah sijine koleksi kembangku sing pange nembe wae tak kethok supaya cabange thukul luwih akeh, Minggu (16/11/2008). 

Adenium ing dhuwur sebagian bonggole kaya dipangku. Iki salah sijine koleksi kembangku sing pang-pange nembe wae tak kethok supaya cabange thukul luwih akeh, Minggu (16/11/2008).

Tinggalkan sebuah Komentar

Lele Dumbo ‘Jumbo’

Iwak lele sing kapacak ing foto sebelah gedhene ora lumrah. Bobote kira-kira pitung kilo gram. Dawane limang kilan, utawa meh sakmeter. Dene umure antarane rong taun luwih.

Lele jenis dumbo iku ingon-ingone sedulurku sing manggon ana dukuh Jelok, Kelurahan Bulukerto, Magetan.  Ora mung siji, nanging ana puluhan lele kang gedhene pada.

Pancen awale lele iku diingu kusus kanggo ngelayani pemancingan. Nanging ora kabeh didol. Sebagian tetep diingu supaya gede. Sing didol kango pemancingan rata-rata bobot pitung ons nganti sakilo.

Nate, lele iki digawa sajodo neng Purbalingga. Neng kolam anyar ing tlatah Jawa Tengah kuwi nuli dipijahake. Asile luar biasa, anake lele sing netes jumlahe ratusan ribu. “Ora mung sewu rong ewu. Anake nganti rongatus ewu,” kandane Mas Budi sing melu ‘ngevakuasi’ indukan lele iku, Sabtu (4/10/2008).

Masiya wis gedhe, iwak iki ingon-ingonane gampang tur ora setresan. Panganan apa wae, kususes sing amis-amis ora tau nolak. Biasane sisa dapur isa langsung diwenehake, kayata remukan iwak laut, limbah daging utawa balung sing dialusake. Luwih sehat maneh yen ditambah pelet (pakan instan) lan godong-godongan.

Liburan Lebaran dek emben, pas mulih Magetan, aku (penulis) lan kakangku saka Purbalingga entuk kalodangan ‘wisata’ nyekel iwak lele ‘raksasa’ iku. Nanging jebule angel banget. Serok (jaring) ora kuwat kanggo ngangkat, malah padha jebol kabeh.  Nuwun

Komentar (1)