Wong tua sing anake nembe lulus SMA, banjur nerusake neng perguruan tinggi negeri, mulai Jemuah bengi (16/7/2010) utawa Setu esuk (17/7/2010) mesthi degdeg ser jantunge. Lha piye, pas dina iku asile seleksi nasional masuk perguruan tinggi negeri (SNMPTN) diumumne kanthi online utawa liwat koran esuk terbitan Setu.
Yen ketampa, mesthi padha bungah, malah ana sing padha sukuran. Nanging let sedina, rasa bungah mau sithik-sithik luntur. Amarga kudu mikirake duwek kanggo daftar ulang lan thethek bengek liyane. Malah ana sing kepeksa utang ngiwa nengen, neng tangga teparo. Yen ora oleh utangan, sak isine omah melu disekolahake neng PGA alias Pegadaian.
Duh nelangsane. Pengin anake pinter wae kudu neretek-neretek rai gedeg. Ora mung melebu neng perguruan tinggi sing biayane puluhan nganti atusan juta. Melebu taman kanak-kanak (TK) wae butuh ragad sing ora sethithik, luwih-luwih SD, SMP lan SMA. Apa maneh ana sing diarani rintisan sekolah bertaraf internasional (RSBI). Ceritane para sepuh sing putrane melebu RSBI, jan nelangsa tenan. Lha piye jare sithik-sithik duwek, sithik-sithik duwek.
Terus kapan kira-kira sekolah kuwi mutune apik tur ragade sithik, supaya bisa dinikmati dining kabeh wong. Ra peduli kuwi anake Sukro, sing nyambut gawene mung buruh tani, utawa anake Sukri sing dadi direktur perusahaan. Nuwun
NB: Tulisan ing duwur mung wujud eneg-uneg
cintaopi berkata
wah, eneg-unege pak joko jan juero tenan. (lha yen anakke sukre piye?)