Syukur alhamdulillah lan matur nuwun kanggo kru Majalah Panjebar Semangat, dene uwis kersa muat tulisan geguritanku kanthi irah-irahan ‘Malem Ganjil.’ Tulisan iku kapacak ing rubrik Taman Geguritan, Panjebar Semangat (PS) edisi 37, 12 September 2009.
Geguritan iki kacipta nalika wulan Ramadhan setaun kepungkur, ngadepke malem ganjil. Nanging nembe iso dak kirim neng PS akir-akir iki. Dilalah, kok pas usume wong manekung ing malem ganjil, tulisan iki muncul.
Ya, banget panuwunku marang sederek-sederek sing mandegani majalah basa Jawa iki. Muga-muga tansah pinaringan sihing Gusti Allah.
juniantosetyadi berkata
Wah, top-markotop. Entuk honor pira, Mas Jaka, eh,Mas Joko?