Sega boran kuwi wujude kaya apa ta ? Mangkono pitakone kanca-kanca nalikane perjalanan tumuju Kutha Lamongan, Jawa Etan. Wektu iku, Jemuah Wage, 5 Juni 2009, bandul jam ing angka 11.46 bengi. Lakune rombongan kang numpak kendaraan roda papat kleser-kleser tumekan alun-alun.
“Endi, bakule sega boran?” Kanca liyane saknalika sumaur ”neng kana lik, Jl Basuki Rahmat. Pokoke yen ana bakul ndeprok lungguh pinggir dalan jejer-jejer tur nganggo kemben yo iku sing diarani bakul sega boran. “
Pancen bener, tekan Jl Basuki Rahmat katon wong setengah tuwa nganggo jarit lungguh pinggir dalan ngadep baskom lan tenggok isi panganan. Banjur neng ngarepe ana wong lungguh ndodok nyangga pincuk.
“Oalah ! Iki ta sing diarani sega boran. Sampean gawekke buk (bu),” ujare kanca-kanca. “Lawuhe napa mas. Enten bandeng, iwak kutuk, otak-otak, endhok dadar, tempe, tahu, daging, sate uritan (endhog pitik sing isih neng njero weteng), jerohan,” kandhane bakule sing ngaku jenenge Katiyani.
Yen aku pilih otak-otak iwak wae. Iki panganan favoritku. Nanging ora mung lawuh mau. Sega boran isih ditambahi menu kusus, yaiku embuk (gembuk) lan sambel kang kas banget. Sambel sega boran iku nganggo kelapa, dadine rasane gurih-gurih pedes. Ben luwih nikmat, mangane karo ndodok kang dadi cirikase penggila sega boran. “Niki sing sadean sak deret, tiyang sekawan taksih sederek sedaya,” kandhane Katiyan.
Banjur apa sebabe diarani sega boran ? Miturut Katiyan, diarani sega boran amarga segane diadahi boran. Bentuke mirip rinjing utawa tenggok ning rada dhuwur. Sega boran iki etungane murah. Sak pincuk mung Rp 5.000. Nuwun
bambang jatmika berkata
Ass. Wr. Wb. Jenggote tambah dowo wae wae pak…..