Isih magepokan karo geguritan. Sak liyane Edelweis, ana geguritan liyane sing tak anggep ‘apik’. Judule Gurit Yen, dak tulis 7 Desember 1996. Tulisan iki yo wis dimuat ing minggon basa Jawa.
Isine nyeritakake bab krisis moneter lan polahe penguasa ing wektu iku kang seneng tumindak sak karepe udele. Ora kelingan marang wong cilik, sing penting dheweke lan kronine seneng.
Kira-kira unine geguritan iku kaya ing ngisor iki:
Gurit Yen
Dening: Joko HN
Yen ngantuk turu, yen ngelak ngombe, yen luwe mangan, yen kesel leren, yen lara ditambani, yen waras aja ngrusak, yen ngrusak iku ala.
Yen kuwasa aja waton, yen waton aja marang wong cilik, yen wong cilik kuwi lugu, yen lugu ora mesthi bodho, yen wis myang dhuwur aja lali ngisor, yen wis ana ngisor wani ngomong, yen ngomong ora ana gunane.
Yen ana aja mumpung, yen tuwa mundhak gela, yen gela amarga power sindrom, yen power sindrom amarga yen, yen kuwi amung pangangen-angen, yen pangangen-angen isane mung yen, yen kowe yen elinga marang titahmu, yen titahmu kuwi janma manungsa, yen manungsa kudu eling marang Gusthine.
(Geguritan liyane iso dipersani neng lembaran sisih tengen blog iki)
om-blog berkata
Manungsa manunggal kelawan rasa
rasane pribadi uga liyane
tumetesingkabar berkata
leres mase
ervan aka abu dhaby berkata
walah…jowo tenan
tumetesingkabar berkata
menika namung ngupaya nguri-uri budaya.
juniantosetyadi berkata
panjenengen pantes pikantuk piagam penghargaan saking kantor penguri-uri budaya, mase. (naming kantore wonten pundi?)
tumetesingkabar berkata
pokoke kantore mboten saking akhirat mase
Sastra jawa berkata
Aku nggih sarujuk kalih geguritan punika,
salam nggih…
tumetesingkabar berkata
nggih mas…!
omblog berkata
Ada Award dari saya OBA 2009
Jika berkenan silakan di estafetkan