Dina iki, Selasa Pahing, 24 Maret 2009, meh kabeh koran sing terbit neng Jawa Etan ngabarake masalah Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya. Mulai koran Surya, Jawa Pos, Radar Surabaya, nganti koran Memorandum.
Intine, rumah sakit duweke Pamerintah Provinsi Jatim iki, saikine wis nyiapake ruangan VIP kanggo ngerawat pasien setres. Pasien mau utamane para calon anggota legislatif (Caleg) sing ora keduman kursi, utawa ora kepilih dadi anggota DPR/DPRD/DPD. Pancene diperkirakake bakal akeh wong setres sakwise contrengan alias centhangan 9 April mbesuk.
Miturut ature Direktur RSJ Menur dr Hendro Riyanto SpKJ, potensi gangguan kejiwaan caleg saiki iki luwih gedhe tinimbang taun-taun sakdurunge. Amarga sak liyane deweke kudu bersaing karo caleg parpol liya, uga kudu saingan karo kancane dhewe sing sak partai.
Perlu dimangerteni, saiki ana 11.215 caleg kang ngerebutake 560 kursi DPR RI, 112.000 caleg ngerebutake 1.998 kursi DPRD Provinsi, 1.500.000 caleg rebutan 15.750 kursi DPRD Kota/Kabupaten lan 1.109 wong royokan kursi 132 DPD.
Mbalik neng bab ruang rawat inap ‘caleg’ setres, ing RSJ Menur wis disiapake30 amben kang dumadi saka pirang-pirang kelas. Antarane VIP I, VIP II, kelas utama I dan Kelas Utama II. VIP I taripe per wengi Rp 350.000 dene VIP II Rp 250.000. Kelas Utama I mung Rp 150.000 lan Utama II Rp 100.000. Ning iku mau durung kalebu bea obat-obatane.
Yen disawang sak klerapan, banderol iku mau kanggone para caleg enteng banget. Nanging, sak wise contrengan, para caleg apa isih bisa nganggep enteng. Amarga biasane yen wis kalah yo entek-entekan, omah, rajabrana, rajakaya, kabeh kadol. Arep ngrokok ae bingung golek jalukan. Malah akeh sing utange numpuk akhire malah setres.
Terus yen perawatan mbayare Rp 350.000 apa ora malah setres ? Mulane, mulane. Dadi politisi ngono ora mung modal duit lan nggacor. Nanging kudu modal ati uga. Arepa kalah ora masalah. Arepa menang ora girang. Ning kabeh dibalekake marang lakune atine supaya ora stres.
Mulane, mulane, ora usah nekat dadi caleg. Neng omah wae dodolan sinambi njaga langgar. Yen senggang ewang-ewang tanggane sing kesrakat, lumayan kena kanggo sangu neng akherat. Rak ngono to sedulur……..! Nuwun
Petang dina kepungkur, pase dina Senin (2/3/2009), aku mlaku-mlaku nyang Jl Nyamplungan sing wis kalebu wilayah Wisata Religius Masjid Ampel, Surabaya. Sakliyane panggonan wisata, kawasan iku uga dadi pusat perdagangan. Kerep dadi panggonan bongkar muat barang-barang kebutuhan.