Tanggal 9 Maret, rupane abang. Artine iku ngono preian hari besar, yaiku Maulud Nabi Muhammad SAW. Ing Keraton Surakarta Hadiningrat kanggo nyambut dina iku ana tradisi kusus sing diarani Sekaten.
Tradisi Mauludan utawa Muludan, iku neng endi-endi ana. Ora mung monopoline kalangan keraton. Mung carane seje-seje. Kaya ing Surabaya. Ing Kuthane Sawunggaling iki, biasane saben Mulud, kampung-kampung mesthi ana pertunjukan, kaya pasar bengi alias pasar malem.
Khase, akeh sing dodol topeng. Nganti-nganti wong padha ngarani Topeng Mulud. Amarga muncule pas wayah Mulud. “Topenge digawe saka kertas. Bentuke ndhas macan, jaran lan gajah,” kandhane Kuncarsono, arek Surabaya asli, Rebu (25/2/2009).
Nanging saiki Topeng Mulud mung dadi cerita. Wis angel ditemokake. Neng Pasar Genteng, sing jarene mbiyen nggone wong dodolan topeng, saiki wis ora ana maneh. “Wis kalah karo ple stesen alias pe es,” aloke dheweke.
Sakjane, Topeng Mulud iku sing gawe ya wong Surabaya dhewe. Ing kawasan Girilaya, mlebu Kecamatan Sawahan. Girilaya iku arah neng Jl Jarak lan Gang Dolly, panggonan prostitusi sing paling kawentar ing Nusantara.
Kira-kira ana telung perajin sing isih ngelestarekake topeng. Nanging, topeng-topeng iku ora didol neng Surabaya. Gak ana sing tuku, bocah-bocah wis males dolanan topeng. Nggarahi kringeten, ambune dadi kecut tur lebus. Pilih neng mal-mal, adem, dolanane macem-macem.
Pasarane malah neng Solo, Semarang, Jogjakarta lan kutha-khuta cilik liyane, kalebu ing Jawa Timur. Dadine, kira-kira topeng sing didol neng arena Sekaten, salah sijine karyane wong Kutha Pahlawan. Iku yen ana sing dodol. Nuwun
Sopir trek siji iki pancen kurang ati-ati nalikane ngangkut barang. Apa maneh sing diangkut timah, cacahe patang gulung. Masiyo gulungane ora gede, nanging iku ngono timah, mesthine rak abot, bobote ton-tonan.
Iki mung salah sijine potret kehidupan masyarakat perkotaan. Utamane bab papan. Neng ngendi wae ana lemah kosong, mesthi diirik-iriki, masiyo dudu hake. Iki kaya kedadean ing sak pinggire Kali Mas, Surabaya.
Sederek-sederek apa wis tau krungu ula gundala seta. Ing jagade mitos,