Arsip untuk Desember, 2008

Bonggol ‘Burung’ Luwih Enak

Masyarakat ing Pesisir Kenjeran lan sekitare, khususe wilayah Cumpat wis ora pangling karo wujude barang kaya ing foto iku. Rupane putih lan bentuke bunder, jenenge bonggol.

Bonggol  iki salah sijine organe kerang manuk utawa kerang burung. Kerang manuk gedene sak epek-epek tangan. Yen dibukak cangkange, daginge katon oranye utawa kuning kunir.  Sak walike daginge iku panggonane bonggol.

Biasane, bonggol lan daging kerang iki dipisahake. Amarga ngedole dewe-dewe tur regane ya beda. Bonggol luwih larang tinimbang daging kerang manuk.  ”Rasane ya beda mas, luwih enak bonggol, gurih,” celathune salah siji nelayan Cumpat, Sabtu (27/12/2008). 

Para nelayan biasane ngedol bonggol  neng pengepul Rp 30.000 sak kilone. Yen daginge kerang mung Rp 20.000 per kilone. Bonggol iki biasane ditampani restoran gedhe-gedhe, kanggo campuran sop utawa jenis masakkan liyane. 

Yen dideleng saka regane, pancen lumayan. Nanging, sedina durung mesthi para nelayan isa oleh bonggol luwih saka sak kilo. Amarga goleke rada angel. Kudu nyilem ing dasare laut Cumpat. Panjenengan pengin ngrasakake ? Mangga tindak Cumpat, Surabaya.  Nuwun

Komentar (2)

Patung Sampah ing Cumpat

Pemandangan sak kiwa tengene Pesisir Cumpat, arah lor saka Tempat Hiburan Pantai Kenjeran, ing akhir taun iki rada seje. Yen panjenengan tindak-tindak ing kana, pas tanggal 30-31 Desember, bakal kaget. Amarga ing pojok Pesisir Cumpat kebak patung-patung sing rupane gegirisi.

Nangin patung-patung iku ora kanggo ngedeni wong sing arep plesir utawa ngrayakake taun anyar ing kana. Patung-patung iku sengaja dipamerake minangka karya seni. Jumlahe ana puluhan.

Unike patung gaweane Taufik Moyong iki, asale saka sampah pesisir sing diklumpukake. Sampah-sampah mau paling akeh rupa kain. Mbuh kuwi kain bekas kathok njero, klampi utawa jarik. Sing penting wujud kain. “Lha iya sampah ing pesisir kene (Cumpat) kok akeh banget. Iki ngana sampahe sapa, asale saka ngendi, ora jelas,” kandhane deweke, Sabtu (27/12/2008).

Sing jelas pameran kanthi irah-irahan Solo Exhibition ‘Welcome 2008’ iki ora mung kanggo pamer seni. Nanging uga kanggo ngugah krenteke ati masyarakat supaya nresnani lan njaga kebersihan lingkungan pesisir. Nuwun

Tinggalkan sebuah Komentar

Iki Pahlawane Surabaya ?

patroli-sepedaPetugas kebersihan siji iki perlu ditiru. Dewekne bener-bener njaga kelestarian lingkungan. Saliyane ngawasi kebersihan lan jupuki sampah sing kleleran ing pinggir dalam, uga kampanye hemat energi lan ramah lingkungan.

Sanadyan sing asring gawe regete dalan sing gawene numpak kendaraan, deweke tetep iklas ngontel sakdawane dalan Kutho Pahlawan. Saka Balai Kota, Jl Pemuda, Gubernur Suryo, terus Jl Pahlwan, ora ana sing kliwatan. Kabeh diawasi, aja nganti sampah numpuk lan ngganggu kenyamanane masyarakat. Selamat berjuang ngih pak ! Nuwun

Komentar (3)

Sapi Kereman Plaosan Top Markotop

Kanggone petani, rasane ora pas yen mulih saka sawah ora nyangking suket utawa damen kanggo pakan raja kaya. Upamane sapi, wedus, kebo lan sapanunggalane. Mulane rata-rata petani mesti duwe ingon-ingon.

Liyane kuwi, yen duwe ingon-ingon, limbahe tetanen ora perlu dibuang. Damene pari, lunge tela, glagahe tebu, isa dimanfaatake kanggo pakan kewan. Malah isa kanggo cadangan pakan nganti pirang-pirang ulan, ora perlu ngarit.

Kaya petani ing Plaosan, Magetan, Jawa Etan. Ing daerah erenge Gunung Lawu iki, wargane akeh sing petani. Meh saben omah duwe ingon-ingon sapi. Ora mung sapi putih (lokal) nanging sing akeh malah sapi turunan, Brahman utawa jenis Limosin.

Sapi tumrape para petani ing Plaosan, ora mung klangenan. Nanging uga dadi celengan. Saben panenan yen bathine rada akeh mesthi ditukokake sapi bakalan. Yaiku sapi sing isih enom utawa durung ndaging. Saiki regane sapi bakalan kira-kira Rp 6 yuta nganti Rp 7 yuta.

Terus, sapi iki dikerem ing kandhang nganti gedhe. Mulane akeh sing nyebut sapi kereman. Biasane sapi iki lagi ditawake marang blantik yen wis powel (untune pupak), utawa umur setahun kawit ngingu. Kira-kira regane isa nganti Rp 15 yuta. Utawa maneh yen wayahe tahun sekolah anyar, wis mesti akeh sing dodolan sapi. Merga kanggo bayar sekolahe anake.

Unike maneh, ing desa, sapi-sapi iku biasane kandhange campur karo pawon (dapur). Mulane yen sapa wae tindak neng sedulure ana ndesa sing duwe sapi, aja gumun yen saka kadohan wis mambu kletong. Apa maneh, kletonge kewan siji iki pancen dieman-eman. Disimpen lan ora oleh kena udan, supaya isa dadi rabuk. Sak karung kletong sing wis dadi rabuk biasane ditawakake Rp 5000. Lumayan isa kanggo tuku katul, comborane sapi. Nuwun

Komentar (3)

Tulisan yang Lebih Tua »