Geguritan

Brak!

 

byuh, byuh!

tengah wengi kok disemprot

ra dunung tenan, wong lagi teka

lungguh neng pojok karo ngemplok

sinambi ngerasakke lungkrahe boyok

suarane jedak-jedok, dhadha kaya rontok

 

weleh, weleh!

kawate wis tugel-tugel,

kertase wis suwek-suwek,

klambine dadi sesek,

sumingkira yen ora pingin balungmu remek

 

rusak, rusak!

wong turu digasak

aja seneng ngrusak

iki lho balesane…(Krosak, brak, brak!)

     Surabaya, 28 Juni 2011

Komentar (3)

geguritan

seneng

 

seneng, kuwi aja mung meneng

apa maneh kenceng-kenceng digegem

dumen kanggo liyan ben anteng

eman-eman yen ing njaba dadi getem-getem

mrana-mrene rasane ora ayem

 

susah kuwi aja mung meneng

kuncine ngupaya sing temen

kanthi ati kang menep

sirikana sambatan mbrengengeng

muga-muga tembene dadi seneng

 

surabaya, 30 mei 2011

 

Komentar (1)

Semangat Keong Racun

“Edan tenan ! Mosok regane beras ganti kabeh.” Grenenge wong Kedurus, Kecamatan Karangpilang, Surabaya, nalika blonjo neng Pasar Waduk Kedurus dek Minggu (1/8/2010), katon gregetan. Mbuh apa wae sing digunem wong wedok setengah tua kuwi karo mlaku ninggalke toko pracangan iku.

Ning lamat-lamat wong kuwi neruske pangucape. Kira-kira yen ora kliru unine ngene. “Makane jaman saiki keong beracun wae dipangan. Lha arep tuku beras wis ora kuwat.” Bakul lombok sing lagi ngetung bathi sajak kumekelan karo nyauti. “Keong racun malah nekakke duit yu.”

Aku sing nyoba nguping, karo ngetutke bojoku blonjo dadi mesem dewe. “He he he!”  Sak nalika klumlawe marang lagu keong racun-ne Sinta lan Jojo sing sumebar lewat youtube.

“Keong racun, kuwi bentuke kaya apa ?” Saute bakul klapa. “Yake kaya sing neng sawah ireng-ireng kuwi ya,” kandhane si bakul lombok sing kawit mau ngetung duwit ora rampung-rampung. Maklum  sakjoke rega lombok mundak, bakul siji iki sumringah terus. Ning sawalike, sing tuku akeh-akeh gedumel sinambi terus nyoba-nyoba ngenyang supaya entuk murah. Mulane bebasane wong biyen cukup mangan sega karo sambel wis ora pas maneh.  Amarga rega beras lan lombok mundakke nganti tekan mbulan.

Mbalik neng keong racun sing syair-e kira-kira mangkene: dasar kau keong racun, baru kenal eh ngajak tidur, ngomong nggak sopan santun, kau anggap aku ayam kampung, kau rayu diriku, kau goda diriku, kau colek diriku, eh ku takut sekali, tanpa basa basi kau ngajak happy happy, eh kau tak tahu malu, tanpa basa basi kau ngajak happy happy. Mulut kumat kemot, matanya melotot, lihat body semok, pikiranmu jorok, mentang-mentang kau kaya, aku dianggap jablay, dasar koboy kucai, ngajak check-in dan santai, sorry sorry sorry jack, jangan remehkan aku, sorry sorry sorry bang, ku bukan cewek murahan.

Miturutku lagu sing syaire rada kosro iku ngandut kritik sosial sing tajem lan jeru marang keadilan ing negara iki. Khususe kanggo para penguasa, sing sugih sembarange nganti sak penake dewe ngidek-ngedik wong cilik utawa wong kesrakat. Korupsi ngiwa-nengen dienggo seneng-seneng, saba mal-mal, gendhakan lan sapununggalane. Ora wedi dipenjara, merga penegak hukume ya padha keblinger kiblate.

Yen wis neng ngarep meja, gawe kebijakan sing nyengsarakke wong cilik. Akibate, wong cilik sing kesrakat arep tuku beras lan lombok wae ora kuwat, apa maneh nyekolahke anakke nganti sarjana, wis  ora mungkin. Merga jaman saiki ora ana sekolahan sing gratis, kabeh mbayar. Malah ana sing nganti atusan juta. Duit saka ngendi sing arep dienggo bayar sekolah ?

Mulane lagu iki sak jane ngono, sepisan maneh miturutku, iso kanggo penyemangate wong kasrakat  kanggo ngupaya urip sing luwih apik, supaya ora diidek-idek lan diremehake keong racun.

Weleh ! Bojoku blanjane wis rampung. Sepurane dulur, tak mulih disik. Ya muga-muga keong racun bisa dadi ‘racune’ sedulur-sedulur kabeh, kanggo nggayuh kamuktene urip lan kemakmurane bumi pertiwi iki. Nuwun

NB: tulisan ing dhuwur mung awujud uneg-uneg utawa opini

Komentar (3)

Pengumuman SNMPTN 2010

Wong tua sing anake nembe lulus SMA, banjur nerusake neng perguruan tinggi negeri, mulai Jemuah bengi (16/7/2010) utawa Setu esuk (17/7/2010) mesthi degdeg ser jantunge. Lha piye, pas dina iku asile seleksi nasional masuk perguruan tinggi negeri (SNMPTN) diumumne kanthi online utawa liwat koran esuk terbitan Setu.

Yen ketampa, mesthi padha bungah, malah ana sing padha sukuran. Nanging let sedina, rasa bungah mau sithik-sithik luntur. Amarga kudu mikirake duwek kanggo daftar ulang lan thethek bengek liyane. Malah ana sing kepeksa utang ngiwa nengen, neng tangga teparo. Yen ora oleh utangan, sak isine omah melu disekolahake neng PGA alias Pegadaian.

Duh nelangsane. Pengin anake pinter wae kudu neretek-neretek rai gedeg. Ora mung melebu neng perguruan tinggi sing biayane puluhan nganti atusan juta. Melebu taman kanak-kanak (TK) wae butuh ragad sing ora sethithik, luwih-luwih SD, SMP lan SMA. Apa maneh ana sing diarani rintisan sekolah bertaraf internasional (RSBI). Ceritane para sepuh sing putrane melebu RSBI, jan nelangsa tenan. Lha piye jare sithik-sithik duwek, sithik-sithik duwek.

Terus kapan kira-kira sekolah kuwi mutune apik tur ragade sithik, supaya bisa dinikmati dining kabeh wong. Ra peduli kuwi anake Sukro, sing nyambut gawene mung buruh tani, utawa anake Sukri sing dadi direktur perusahaan. Nuwun

NB: Tulisan ing duwur mung wujud eneg-uneg

Komentar (1)

Tulisan yang Lebih Tua »
Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.